6/11/2013

Lirik Lagu Banyumasan : Parikan


Jangan terong akeh lugute
Timbang nyolong suka njaluke 
Jangan kluwek akeh trasine 
Wong wis warek angel tambane 

Jangan slada akeh mricane
Prawan randa ya pada bae
Jangan tumplek karo segane 
Cempulek, eh... ayu ninine

Sing aran tembung parikan
Merguyokna pisan kena nggo bumbu dopokan
Kena uga nggo hiburan
Ning aja nggo penjorangan

Apa maning padhang mbulan
Timbang nggo rubungan
Dopokan ora karuan
Adol jere kulak ndean, percuma suka parikan 

Suket teki tukul nang gili
Dipereki koh clala-clili
Suket garing nggo empan sapi
Tiwas nyanding ora nyicipi 

Suket jepang dinggo nambani
Nek disawang tambah ngangeni
Suket gajah diopeni 
Mbok mubah nyong gelem nampani


Penulis : Fajar Praptono
Musik : Komunitas Dablongan Purwokerto
Produksi : Tracking Studio


Tidak ada komentar:

Posting Komentar