Tampilkan postingan dengan label Lirik Lagu Tegalan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Lirik Lagu Tegalan. Tampilkan semua postingan

6/17/2024

Lirik Lagu Tegalan : Sepiring Ditinggal Lunga

Apalah artine kowen rumah tangga
Nurute angger enyong lagi ana
Ning kaya kiye... Percuma bae
Urip langka senenge

Aja sewaring kowen nerima
Sing Sepiring Ditinggal Lunga

Aja nyawange tangga sing sawahe amba
Enyong kuli rekasa
Angger kon kaya kuwe
Inyong ora sanggup nyangga utang bae

Tak pikir-pikir langka artine
Kowen gawe mumet selawase

3/06/2021

Lirik Lagu Tegalan : Kupat Glabed

Aduh enak nemen sing mangan kurangen
Kupat glabed tegal, kupate kemiyal
Enake... Nikmate...

Kupat glabed tegal
Kupat sing terkenal

Kupat glabed adune
Mangane karo sate
Nikmate...
Sedepe...

1/30/2021

Lirik Lagu Tegalan : Ana Crita Ana Kanda

Ana crita ana kanda, jarene nang tegal kuwe
Apa bae bisa digawe, paling komplit industrine
Ana crita ana kanda, tegal kuwe jepang jawa
Wesi bekas wesi lawas, dadi barang sing berguna

Pompa tangan ya ning talang
Tukang dandang nang pagongan
Engsel grendel ora angel
Sikil mesin lan liyane

Ana crita ana kanda
Jepang jawa nggoleti bapak
Karo nyangking melu nyinjing
Eben bisa mlayu mlencing

Tegal belih tau turu
Industrine akeh sing nunggu
Melek mata akeh rencana
Sederhana tapi nyata

Margasari gunung gampinge
Nang bogares kacang asine
Adiwerna ya satene
Randugunting kupat glabede

Lebaksiu martabake
Balapulang mebelane
Pasar senggol sautone
Nang babakan pesantrene

Lirik : Dhimas Riyanto
Penyanyi : Sony Muchson
Produksi : Pelangi Records
Tahun : 1995

7/01/2020

Lirik Lagu Tegalan : Taurang (Bocah Tegal)

Foto : Ophi Rapper Tegal

Taurang Taurang Udane Sing Terang
Tauge Tauge Udane Sing Gede
Taurang Taurang Udane Sing Terang
Tauge Tauge Udane Sing Gede

Kiye Cerita Bocah Bocah Tegal
Uripe Seneng Ora Tau Ndugal
Contoh Bocah Sing Arane Noval
Nyong Yakin Ente Wis Pada Kenal

Umahe Nang Pertelon Jalan Bawal
Deweke Kerja Tukang Tambal
Sangking Kiyenge Tangan Sampe Ngapal
Senajan Preman Tapi Ora Nakal

Bocah Tegal Pancen Kreatif
Luruh Duit Nggo Sangu Urip
Aja Kerja Saenakeng Mboyok
Mbesuk Mlarat Ana Sing Moyok

Mulane Kerja Sing Temenanan
Endah Duit Ana Luwihan
Kanggo Mampir Ning Warung Lesehan
Moci Karo Nyantap Mendoan

Mumpung Pelayane Esih Prawan
Tapi Tangan Aja Grayangan
Mbokan Dijotos Kon Dimas Epul
Bocah Sing Njagong Elus-Elus Dengkul

Karo Tangane Mlototi Prekul
Ning Kene Sebagai Tukang Pukul
Alias Bodyguard'e Pelayan
Sing Jare Jengal-Jengil Kaya Inul

Tulung Bocah Bocah Pada Mikir
Krungu Lagu Kiye Aja Pada Nyengir
Senajan Esih Dadi Wong Fakir
Sing Penting Aja Sampe Kafir

Luru Duit Kudu Be Ngetir
Lamon Tiba Tiba Ana Wong Ngamen
Jawabane Sing Gampang Bae Men
Sih Apa ? Duit Sing Mardiyah






10/22/2019

Lirik Lagu Tegalan : Sing Penting Mochi

Foto : Ophi Rapper Tegal

Esuk-esuk tangi turu uwong-wong pada ndodok nang kali
Enyong selonjor karo tangane nyekeli poci
Kanda ngalor-ngidul karo mochi memang sedep
Apa maning sajian teh tegal sing paling puket 

Mochi teh tubruk yen lagi pada ngantuk
Kanggo penganten anyar sing lagi pada kemaruk
Mochi teh ijo nggo bujang tua sing kepingin mbojo
Mochi teh premium nggo perawan tua sing wis pada alum

Lamon mochi laka gulane, kaya prawan meteng laka bapane
Lamon mochi putih wedange, basa indiane yaiku laka tehe

Sing penting mochi... sing penting mochi...
Sing penting mochi... sing penting mochi... 

Mochi bergaya hip-hop memang rasane nikmat
Seolah klalen deweke yen lagi melarat
Angger ora tau mochi pikiran sering kumat 
Apa maning lamon kridit motore durung mudat
Sampe-sampe anakke wis bujang durung sunat 

Mulane kudu hemat, mulane kudu hemat
Jare wong bijak hemat kuwe pangkal sugih
Sugih penyakit, sugih utang, sugih kriditan
Yuh, pada hemat... hemat ya olih, irit ya apik... 

Sing penting aja medit
Sing penting aja pelit
Sing penting aja bucit 
Eben aja dijuluki bujang pait 

Krungu lagu sing penting mochi memang ning kuping lara
Daripada dadi perkara, terus aku dipenjara
Luwih apik ente aja pada ngringokena

Sing penting mochi, sing penting mochi, sing penting mochi
Ora peduli susah karo seneng
Sing penting bareng-bareng anteng
Ndodok nglemprak kon ning tempat peteng
Barang balik ati pada seneng

Put-put disruput... disruput... disruput... disruput...
Sing penting mochi, sing penting mochi, sing penting mochi...
Lamon ketemu Ophi sing penting mochi

8/14/2017

Lirik Lagu Tegalan : Pating Gentoyor

Pating Gentoyor pating gelembor
Jam siji bengi esih nang gili
Ora ngemuti bakale mati
Pada nginungi nang ndas mumeti

Pating Getampling mlakune lemes
Akhire njengking wis ora pantes
Matane ngantuk, sikil kepaduk
Nyangkol nang ebrug, endase benjut

11/17/2016

Lirik Lagu Tegalan : Man Warso Sadar

Man Warso... rika kampiun temenan
Akhire rika eling ponakan
Pacarku si Ening dibalekna maning
Esih utuh laka sing gotang

Man Warso... rika pancen jempolan
Wis tak romnyahi ora endaman
Malahan saiki inyong dipecingi
Limang juta nggo modal dagang

Man Warso... rika asline loman...

Ngesuk nang dina jum'at
Inyong langsung pan akad
Man Warso panitiane

Sing gawe ajib maning
Dapur sampe mas kawin
Man Warso sing nanggung kabeh

Rika tak dongakena, bisnise terus nambah
Rejekine ya mabrah-mabrah...
Rika tak dongakena, dimein umur dawa
Mbesuk mati mlebu suwarga...

Man Warso... rika pancen jempolan

9/14/2016

Lirik Lagu Tegalan : Sepiring Ditinggal Lunga



Apalah artine wong rumah tangga
Nurute angger enyong lagi ana
Yen kaya kiye... percuma bae
Urip laka senenge...

Angger sewaring kowen nerima
Sing sepiring ditinggal lunga

Aja nyawange tangga, sing sawahe amba
Nyong kuli rekasa...
Angger kowen kaya kuwe, inyong ora sanggup
Nyangga utang bae...

Tak pikir-pikir laka artine
Kowen gawe mumet selawase

7/13/2016

Lirik Lagu Tegalan : Rapper Amatiran

Foto : Ophi Rapper Tegal

Pingin kuliah, durung klakon
Pingin mbojo, durung klakon
Pingin sugih, durung klakon
Pingin gawe album, durung klakon

Rame-rame pada audisi, eben bisa nembang neng tivi
Tapi sayang lagi laka kesempatan, mbok menyanyi lagu tegalan
Daripada dipikir pusing, mending ngarang lagu karo ngising
Nembang lagu lagune dewek, aransemene sekarepe dewek

Luruh kunci sametune dewek, Program musik program dewek
Pengin rekaman rekaman dewek, Lamun kesetrum kesetrum dewek
Nggawe video clip nggawe dewek, Yen wis dadi ditonton dewek
Lamun ora apik ya nggo dewek, Lamun apik ya nggo dewek

(Kembali ke Pingin Kuliah)

Gunung slamet katon sing benjaran
Endas mumet durung bayaran
Mangkane pan nggo malam mingguan
Mendingan ngriyeng karo tembangan

Kiye lagu-lagu gampangan
Bahasane model lokalan
Rekamane karo glelengan
Ngedit lan Mixing karo mangan

Aja protes lamun brantakan
Kiye ophi rapper amatiran
Esih mending dadi rapper amatir
Daripada dadi wong kentir

Kaya kiye akeh sing naksir
Sebabe memang bocahe tajir

(Kembali ke Pingin Kuliah)

3/16/2016

Lirik Lagu Tegalan : Duit

Lepet alah lepet ketan, endas mumet weteng kruyukan
Mumet mikiri duit, selat suwe digolet sulit
Duit diudag-udag kadangkala nggawe kejedag
Ari didelengena ngiwing-iwing ngarepe mata

Lepet dipangan lengkek, endas mumet dipejet-pejet

Uwong tukaran ana sing sebab duit
Uwong perangan akeh rebutan duit
Uwong kawinan ana sing ndeleng duit
Uwong pegatan akeh sing sebab duit

Kudune ati-ati duit bisa medeni
Angger salah ngadepi sengsara urip mati

Piring ala piring eseng, awak gering daginge enteng
Gering mikiri dunya, tambah suwe kayong pan nyiksa
Dunya diuber-uber, kadangkala pan nggawe klenger
Ari didelengena ngiwing-iwing ngarepe mata

Sepur dawa dampare, wong sukur tenterem uripe

10/07/2015

Lirik Lagu Tegalan : Tegal Banyumas



Yayangku, Siti Lemah Lembut
Sak Propinsi, Ndean Paling Yahud
Kenal ning umahe mahmud, inyong langsung kepencut
Waktu salaman jantungku sendat-sendut

Critane bar olih gajian
Inyong apel, rep pan ngejak dolan
Numpak motor rombengan
Bantere mung ning turunan
Ora ngurusi asal bisa boncengan

Sing Tegal ning Banyumas
Motor terus tak 'gas
Pacarku ndikep kenceng
Nyong tambah bregas

Balike apes tenan, pas ketemu tanjakan
Motorku watuk-watuk, ora gelem jalan
Akhire mlaku nggoleti bengkel
Tilange yayangku ora rewel

6/16/2015

Lirik Lagu Tegalan : Kasri


Cintane nyong maring kasri
Kaya geni didamoni
Apa bae enyong gelem nglakoni
Demi kasri langka sing tak wedeni

Senen Kemis tak puasani
Malem minggu tak apeli
Numpak motor awak mambu wangi
Pejaratan bagjane diwani-wani

Nyong cinta niba tangi
Tulung nyong didongani
Nyong cinta niba tangi
Kasri ora ngeladeni

Tuku es nang slawi
Tak sms ora mbalesi
Sing dodol lagi prei
Tak miskol hp ne mati

Alas jati ning jarwani
Tak apeli ora nemoni
Maring guci liwat yomani
Bapane metu nyong diganyami

Cintane nyong maring kasri
Kaya geni didamoni
Apa bae enyong gelem ngelakoni
Demi kasri nyong entek kebo sapi

6/08/2015

Lirik Lagu Tegalan : Kondangan Wurung



Konangan eh konangan, eh konangan
Pamite pan kondangan, eh kondangan
Enak-enak duaan, eh duaan
Ninggal bojo dewekan, eh dewekan

Gelem busung, nyong sumpah gelem busung
Montor mogok dadine manjing warung
Warung tegal warunge mbak nunung
Duit entong akhire kondangan wurung

Nyong ora percaya, nyong ora percaya
Rika aja mukir...
Dasare wong lanang, dasare wong lanang
Doyan mompar mampir...

Aja sembarangan, aja sembarangan
Maring wong lanang...
Nyong lagi medhang, nyong lagi medhang
Dianggep pacaran...

Sing jujur, jujur... pada jujur
Aja ngawur, ngawur... aja ngawur
Sing eman, eman... pada eman
Rumah tangga aja pada tukaran

Lirik Lagu Tegalan : Pantai Widuri




Esih kelingan plesiran ning pemalang
Ketemu prawan ayu blih ketulungan
Kenalan aran jelas karo salaman
Ruket gluwean tapi ati deg-degan

Ora kerasa eh saiki
Wis olih bathi anak siji

Ning pantai widuri cinta pertama semi
Ning pantai widuri janji setia hati
Oh... pantai widuri sing gemiyen nyekseni
Oh... pantai widuri indah dadi memori

4/18/2015

Lirik Lagu Tegalan : Balik Jakartanan

Foto : Ophi Rapper Tegal

Balikan-balikan, Balik Jakartanan
Balikan-balikan, Balik Jakartanan
Balikan-balikan, Balik Jakartanan
Balikan-balikan, Balik Jakartanan

Nembe tak rasani, jebul ana taksi, buka lawang mburi
Eeeeee... lah kuwe ya bocahe
Eeeeee... lah kuwe ya bocahe

Dasar bocah umure dawa
Dirasani koh malah teka
Rupane balikan sing jakarta
Saiki nganggo kacamata

Prengasane deweke sapa
Karo kanca ora nyapa
Apa matane wis buta ?

Balikan-balikan, Balik Jakartanan
Balikan-balikan, Balik Jakartanan
Balikan-balikan, Balik Jakartanan
Balikan-balikan, Balik Jakartanan

Mbiyen ganteng saiki tambah ireng
Awake tatonan rambute semiran
Irunge antingan kayak babi
Logat ngomonge kaya bimbim

Jakartanan pirang dina, Ente ?
Saiki tambah beda, Ente ?
Awit sing ngomonge, Ente ?
Sampe dandanane, Ente ?
Terus kelakuane, Ente ?

His ! bocah cilik...
Ente, Ente, dewek sing ente !

Zaman gemiyen ketemu olih nyapa
Phi-ophi kowen pan maring endi ?
Tapi saiki "Ophi, mau kemane loe ?"
Eh, Irfan "
Eh, Asal loe tau yach' gue tuch sekarang Ipang, bukan Irfan lagi
Awas loe yach, loe mau gua kepret loe !

Oh, Iyayayaya pang, nyong pan' pan ngetan' pang !
Hah, ngetan ? Asyik nich...

Nyong pan ngetan maring Balamoa
Tuku gula karo tuku lenga
Dikirane sih pan apa

Dasar bocah kakehen mangan pedes
Akhire pikirane tambah ngeres
Ana kebo liwat gendal-gendol
Mata melotot
Dikirane cewek bahenol

Hei, wong sing nang perantauan
Aja sampe lupa daratan
Aja klalen karo pengeran
Sibuk ngurusi gaweyan

Mbokan ente dilaknat
Sebabe ente kualat
Di sulap dadi wong mlarat
Ndilalahe dipecat....









3/12/2015

Lirik Lagu Tegalan : Udud Dulu

Foto : Angie Ang

Udud dulu, udud dulu
Udud dulu, udud dulu
Udud dulu, udud dulu
Udud dulu, udud dulu

Bubar mangan paling penak, Udud Dulu
Arep pan mangan paling penak, Udud Dulu
Balik kerja paling penak, Udud Dulu
Arep kumpul bojo paling penak, Udud Dulu

Udud dulu, udud dulu
Udud dulu, udud dulu
Udud dulu, udud dulu
Udud dulu, udud dulu

Nggoreng tempe bisane mateng, Diwolak-walik
Memeh kasur supaya garing, Diwolak-walik
Ngumbah klambi endah bersih, Diwolak-walik
Gawe bocah supaya dadi, Diwolak-walik


Udud dulu, udud dulu
Udud dulu, udud dulu
Udud dulu, udud dulu
Udud dulu, udud dulu

Nginung teh poci disambi, Udud Dulu
Jaga malam bareng kanca, Udud Dulu
Ngenteni bis ning terminal, Udud Dulu
Bocah cilik-cilik aja olih, Udud Dulu






2/17/2015

Lirik Lagu Tegalan : Nyong Cinta Padamu

Foto : Maria Vania

Meseme manis pisan kaya madu
Pandangan matane gawe kelayu
Kepengin enyong dadine, kenalan karo deweke
Gadis pujaane wong sapa bae

Mlakune dadi sawangan wong lanang
Bengine sing nyawang mesti kemutan
Enyong bae geregetan, kangene wis belih tahan
Gadis Pujaan, Nyong Cinta Padamu...

Gadis Pujaan sing kondang paling terkenal
Enyong kepengin dadi gerele
Mangan belih marem, bengi kangelan merem
Kemutan bae karo deweke...

Oh Gadis... Pujaan... Nyong Cinta... Padamu....


Lirik : Dhimas Riyanto
Penyanyi : Sony Muchson
Produksi : Pelangi Records
Tahun : 1995

2/07/2015

Lirik Lagu Tegalan : Pelayan Warteg

Nok Ayu, Pelayan Warteg...
Bokong jentol, geal-geol gawe nyong kecantol !
Dodolane murah meriah...
Segane anget, lawuhe akeh, jangane enak !

Nok Ayu, aja salah sangka...
Ora maksud inyong lagi nggombal kowen
Ebene... olih utang maning...
Mangan maning, medhang maning, nambah utang maning !

Nok Ayu aja kuwatir, nok ayu aja dipikir
Soal utang... kuwe soal sipil, pil alah sipil-sipil

Ndeleng bae nok, bisnis nyong bakalan mbledos
Order tembus, utang inyong mengko tak lunasi
Nyong lagi olih order, olih order bisnis ndog puyuh
Dongakena inyong sukses inyong sugih
Kowen mengko tak bagi


2/02/2015

Lirik Lagu Tegalan : Aja Onggrongan

Dadi wong aja sokan onggrongan
Weruh motor anyar, langsung melu kriditan
Ora eling gajihe mung pas-pasan
Motor didol murah, aduh... kurugan utang

Aja onggrongan... Aja gagahan...
Kayong ora weruh sing geol

Dadi wong aja sokan onggrongan
Weruh wadon ayu, mata langsung jelalatan
Wong wadone tutur maring sing lanang
Sing lanange ngamuk, aduh... endas di kemplang

Aja onggrongan... Aja gagahan...
Kayong ora weruh sing geol

Lirik Lagu Tegalan : Jaran Lumping

Eh... jaran lumping, jaran lumping mangan beling
Sing dadi jarane wong ora eling 2x
Mlayune mlencing, ning kebonan ngguling-guling
Sampe sing nyekeli kebanting-banting 2x

Pung pak-pak pung pak-pak
Eh, Jarane ndupak
Pling plak-plak pling plak-plak pling
Eh, Jarane ngguling

Sing nonton bingung, eh... keder' ndeleng jaran klenger
Sing nyekel kendang, ketendang' tibane kejengkang

Digebyur banyu jaran menyat terus mlayu
Sing nonton semrawut bubar pating slebar 2x