Tampilkan postingan dengan label Lirik Lagu Banyumasan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Lirik Lagu Banyumasan. Tampilkan semua postingan

11/17/2021

Lirik Lagu Banyumasan : Duda Telung Taun

Enyong kiye duda wis telung taun
Saben bengi turu dewek karo nglamun
Rasane atis pisan enyong bingung
Melak melik mripate kridongan sarung

Mbok jare sapa kenal wong ayu
Metu nang gili, njagong ning watu
Ana wong wadon liwat, eh... ngguya-ngguyu
Bareng tak kintil ning mburi dijegog asu

Mlayune mlencing tibane ngguling
Sandale pedot banjur tak cangking
Banjur tak oyong ning mburi jebul nini-nini


12/12/2020

Lirik Lagu Banyumasan : Bije Patik - Kathok Ngapret

 

Aduh pusing pacar lagi ngambek
Lambene njebleh tur kaya kuintel kuwek
Domongi angel malah mecucu
Kaya uwong lagi keloloden tahu

Gawe sirah mumet
Dada dadi sesek
Rasane awak kok kaya nganggo kathok ngapret

Mangan ora doyan
Turu ora penak
Rasane awak mriyang ora karuan

Nembang bae nembang
Larase laras minoran
Tenimbang mumet
Mikir awak dadi mriyang

Njoget ayo njoget
Njoget lagu banyumasan
Sing penting asik
Nyanyi bareng kendang koploan

Mayuh, sing penting aja pada tukaran


8/22/2020

Lirik Lagu Banyumasan : Wong Gemblung


Nek jengkel bantingi gelas
Nek jengkel bantingi piring
Apa maning nek lagi ngamuk
Mlebu kandang ayam

Inyong bingung kiye kepriwe
Tulung diundangna dokter
Dokter... Dasar Gemblung

Saben dina gawene mlaku
Mubengi alun-alun
Clingak-clinguk, cengar-cengir
Ngguyu dewekan

Nek diledek bocah nguber nyiot watu
Bandem !!!

Wong Gemblung, Wong Gemblung
Wong Kentir, Wong Kentir
Dikon mangan sega rames
Malah dicampuri wedi

Dasar Gemblung !!!

7/20/2020

Lirik Lagu Banyumasan : Wa Taslim

Dang Dang Dut
Wa Taslim Wetenge Gendut 
Dang Dang Dut 
Wa Taslim Ora Tau Mrengut 

Angger Krungu Musik Dangdut 
Wa Taslim Manggut-Manggut 
Wa Taslim...
Wonge Sabar Ora Tau Ribut 

Dang Dang Dut, Wa Taslim Wetenge Gendut 
Dang Dang Dut, Wa Taslim Ora Tau Mrengut 

Wa Taslim Senenge Lagu Joget Puspita 
Lan Kasidah Modern Nasida Ria 
Angger Sore Sore Wedange Susu Jahe 
Ra Klalen Sandingane Mendoan Tempe 

Nikmat Banget Jarene 
Wa Taslim Nganti Klalen Karo Putune

5/08/2020

Lirik Lagu Banyumasan : Tato


Ana wong ngomong wong tatoan jerene preman
Aja salah goli aweh parikan
Ana wong ngomong wong tatoan jere bajingan
Akeh contone wong tatoan dadi juragan

Ana wong ngomong wong tatoan jere jagoan
Ana bae wong tatoan sering kerokan
Ana wong ngomong wong tatoan ugal-ugalan
Contone salman wong tatoan deneng alim pisan

Aja salah goli ngarani
Aja salah goli ngerteni
Wong tatoan ora adoh karo seni

Kawit siki aja wedi
Kawit siki kudu wani
Kepethuk tatoan ya ditakoni

Ana wong ngomong wong tatoan jere galak pisan
Aja salah batik bae deneng eman pisan
Ana wong ngomong wong tatoan laka masa depan
Akeh contone artis bae ana sing tatoan

3/12/2020

Lirik Lagu Banyumasan : Medegel

Medegel temen. medegel temen
Medegel mikirna wong siji

Ngaweh usul jare iya
Prakteke ora pada
Dasar angel
Marekna jengkel

Dasar watek awit cilik
Ora bisa diutak-utik
Ngomong kiye
Dadine kae

Ra rumangsa gawe gela
Janji dewek ora kemutan
Dasar kowe ora kena di eman

Tak sabar-sabar, malah kurang ajar
Tak tahan-tahan, ndasku modmodan
Digawe gela aku wis biasa
Sing penting kowe njaluk pangapura 


Penulis Lirik : Dedy Pitak (Dedi Erianto)
Penyanyi : Bije Patik 
Produksi : DP Studio Entertainment

2/10/2020

Lirik Lagu Banyumasan : Narkoba


Foto : Angie Ang

Rupa rupa sing aran model narkoba
Sabu-sabu uro narkotik lan uga cimeng 
Ora mung nang diskotik nang kantor uga nang ndalan
Awit cepet tekan kaki-kaki lanyah pisan
 
Narkoba, nasi rames kopi bakwan
Narkotik, nasi rames karo ndog pitik
Narilem, nasi rames imbuh lemper
Lah nek Narkem, nasi rames karo empal
 
Ana maning singkatan model liyane 
Utawane otak-atik mathuk nggo jambalan
Kabeh mau mung pintere sing gawe singkatan 
Senajan penjorangan ning sing penting mathuk
 
Mendowan, mendo-mendo dipangan 
Nek Dage, didahar age-age 
Lah nek Gethuk, geget bareng metuthuk
Eh sing bener, wis geget manthuk-manthuk
 
Sepeda, asepe tidak ada
Nek Sepur, asepe metu nduwur 
Nek Vespa, angger kempes dipompa
Lah nek Becak, sing nggo bemper sing numpak 
 
Penulis Lirik : Fajar Praptono
Musik : SopSan 
Produksi : Tracking Studio

1/19/2020

Lirik Lagu Banyumasan : Udan Barat


Isih awan mendung petheng pisan
Kayane tenger arep bakal udan gedhe
Inyong banjur ngetasi pemean
Ujug-ujug ana bledheg inyong kaget mak jemeger onine

Urug-urug udan gedhe
Ana lele mlebu mbale
Nggo dipecak bumbu jahe
Ora let suwe banjur teka barat gedhe

Urug-urug udan gedhe
Ana lele mlebu mbale
Nggo dipecak bumbu jahe
Banjur teka udan barat lan karo bledheg mak jemeger onine

Nek miturut critane kakine
Nggo ngleremna udan karo barat gedhe
Uyah karo peso pirantine
Disebarna maring latar, maring gendheng, udan mandheg bakale


Penulis Lirik : Fajar Praptono
Musik : Komunitas Musik Dablongan Purwokerto 
Produksi : Tracking Studio





12/25/2019

Lirik Lagu Banyumasan : Jendral Sudirman

Nang gunung gung liwang liwung
Lahir bocah sing dadi wong agung
Mbah buyute tentara indonesia
Gagah perkasa lan berwibawa

Sudirman panglima besar
Kaya kyai enam ngagem blangkon
Di gawe patunge nang bupati
Jumenenge nang bunderan HI

Sudirman lahire nang bantar barang
Pinter ngaji gedhene mimpin perang
Sabdhane kaya ratu kapandhitan
Kridhane kena kanggo patuladhan

Nang anak buahe paling disenengi
Nang musuhe palinge diwedheni
Semangate kaya singa barong
Ora wedhi ancamane diobong

Sudirman mimpi perang gerilya
Munggah mudhun gunung, mblebu metu desa
Musuh dicegat nganggot udan barat
Dongane direwangi para malekat 

Panglima besar jendral sudirman
Wis kondang nang endi papan
Mimpin perang lagi nandhang gerah
Semangate pantang menyerah

6/11/2013

Lirik Lagu Banyumasan : Parikan


Jangan terong akeh lugute
Timbang nyolong suka njaluke 
Jangan kluwek akeh trasine 
Wong wis warek angel tambane 

Jangan slada akeh mricane
Prawan randa ya pada bae
Jangan tumplek karo segane 
Cempulek, eh... ayu ninine

Sing aran tembung parikan
Merguyokna pisan kena nggo bumbu dopokan
Kena uga nggo hiburan
Ning aja nggo penjorangan

Apa maning padhang mbulan
Timbang nggo rubungan
Dopokan ora karuan
Adol jere kulak ndean, percuma suka parikan 

Suket teki tukul nang gili
Dipereki koh clala-clili
Suket garing nggo empan sapi
Tiwas nyanding ora nyicipi 

Suket jepang dinggo nambani
Nek disawang tambah ngangeni
Suket gajah diopeni 
Mbok mubah nyong gelem nampani


Penulis : Fajar Praptono
Musik : Komunitas Dablongan Purwokerto
Produksi : Tracking Studio


4/30/2013

Lirik Lagu Banyumasan : My Love Tarwen

Foto : Nancy Ajram
 
Reka-rekane lajeng badhe kesah teng peken
Cempulek klinthung ning griyane tarwen
Mboten kepanggih tigang dinten
Rasane jan pun kangen
 
Paribasane yen kesuwen njanggleng semuten
Yen kesuwen mandheng mripat blerengen
Siang ndalu enjing lan sonten
Saestu kula kedanen
 
Mbekayu tarwen rika nggemesna temen
Inyong ketonen...
Mbekayu tarwen i love you inyong demen
Inyong tetep demen...
 
Mbekayu tarwen neng peken dodol molen selengen-lengen
Mbekayu tarwen nganti tekan buyuten inyong tetep demen
 
Mbekayu tarwen senajan rika sering gomen
Ning sing penting rika mboten jileren
Tak tekadi ngantek mimisen
Ora gelem kebangeten