12/25/2019

Lirik Lagu Banyumasan : Jendral Sudirman

Nang gunung gung liwang liwung
Lahir bocah sing dadi wong agung
Mbah buyute tentara indonesia
Gagah perkasa lan berwibawa

Sudirman panglima besar
Kaya kyai enam ngagem blangkon
Di gawe patunge nang bupati
Jumenenge nang bunderan HI

Sudirman lahire nang bantar barang
Pinter ngaji gedhene mimpin perang
Sabdhane kaya ratu kapandhitan
Kridhane kena kanggo patuladhan

Nang anak buahe paling disenengi
Nang musuhe palinge diwedheni
Semangate kaya singa barong
Ora wedhi ancamane diobong

Sudirman mimpi perang gerilya
Munggah mudhun gunung, mblebu metu desa
Musuh dicegat nganggot udan barat
Dongane direwangi para malekat 

Panglima besar jendral sudirman
Wis kondang nang endi papan
Mimpin perang lagi nandhang gerah
Semangate pantang menyerah

Tidak ada komentar:

Posting Komentar