Rupa rupa sing aran model narkoba
Sabu-sabu uro narkotik lan uga cimeng
Ora mung nang diskotik nang kantor uga nang ndalan
Awit cepet tekan kaki-kaki lanyah pisan
Narkoba, nasi rames kopi bakwan
Narkotik, nasi rames karo ndog pitik
Narilem, nasi rames imbuh lemper
Lah nek Narkem, nasi rames karo empal
Ana maning singkatan model liyane
Utawane otak-atik mathuk nggo jambalan
Kabeh mau mung pintere sing gawe singkatan
Senajan penjorangan ning sing penting mathuk
Mendowan, mendo-mendo dipangan
Nek Dage, didahar age-age
Lah nek Gethuk, geget bareng metuthuk
Eh sing bener, wis geget manthuk-manthuk
Sepeda, asepe tidak ada
Nek Sepur, asepe metu nduwur
Nek Vespa, angger kempes dipompa
Lah nek Becak, sing nggo bemper sing numpak
Penulis Lirik : Fajar Praptono
Musik : SopSan
Produksi : Tracking Studio
Tidak ada komentar:
Posting Komentar