1/30/2021

Lirik Lagu Tegalan : Ana Crita Ana Kanda

Ana crita ana kanda, jarene nang tegal kuwe
Apa bae bisa digawe, paling komplit industrine
Ana crita ana kanda, tegal kuwe jepang jawa
Wesi bekas wesi lawas, dadi barang sing berguna

Pompa tangan ya ning talang
Tukang dandang nang pagongan
Engsel grendel ora angel
Sikil mesin lan liyane

Ana crita ana kanda
Jepang jawa nggoleti bapak
Karo nyangking melu nyinjing
Eben bisa mlayu mlencing

Tegal belih tau turu
Industrine akeh sing nunggu
Melek mata akeh rencana
Sederhana tapi nyata

Margasari gunung gampinge
Nang bogares kacang asine
Adiwerna ya satene
Randugunting kupat glabede

Lebaksiu martabake
Balapulang mebelane
Pasar senggol sautone
Nang babakan pesantrene

Lirik : Dhimas Riyanto
Penyanyi : Sony Muchson
Produksi : Pelangi Records
Tahun : 1995

Tidak ada komentar:

Posting Komentar