11/23/2013

Lirik Lagu Tegalan : Tak Pegat Bae

Enyong ora tau ngira
Jebule kowen ngelara
Gemiyen kowen setia
Ora ketang sering lunga

Saiki kowen wis sejen
Embuh karepe kepriben
Tak rasakna kayong klalen
Janjine sing gemiyen

Lara pancen lara
Ora bisa nrima
Atine nyong krasa lara

Weruh kowen lunga
Karo lanang liya
Enyong ora bisa nrima

Langka gunane... Langka kanggone
Wadon kaya kuwe...
Langka gunane... Langka kanggone
Pan Tak Pegat Bae...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar