Kelingen mbiyen jamane lulus ujian
Rame-rame pada dolan maring cacaban
Sak rombongan numpak motor boncengan
Jalan-jalan numpak prau barengan
Ambane waduk cacaban mengukir indah kenangan
Jerone waduk cacaban menyimpan sejuta kenangan
Gunung gajah katon sing wetan waduk cacaban
Sore-sore balik dolan sak rombongan
Cacaban aku kangen pisan
Cacaban aku kangen temenan
Masa-masa indah dadi kenangan
Ora bakal ilang ning jero ingatan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar