Wong tua kudune dadi contoh
Tapi kok senenge doyan goroh
Ngaku statuse esih bujangan
Senajan boyoke lagi kumat-kumatan
Jamane wis mlebu jaman edan
Wong tua semakin lupa daratan
Ora eling karo pengeran
Mumpung sugih pekarangan
Sedelat maning jamane wis akhir
Mbokan mengko dadine kentir
Diomongi jebule ngemprah
Dasar wong tua mambu lemah
Duwe bojo, duwe anak, duwe mantu
Ora klalen putune wis ana pitu
Dituturi dasare ora tau nggugu
Cangkeme amba ora duwe untu
Bandane akeh tapi ora tau jariyah
Akhire meriange tambah parah
Adol sawah regane murah
Dasar wong tua mambu lemah
Tidak ada komentar:
Posting Komentar